Wednesday, 11 March 2015

PIDATO BAHASA JAWA MELESTARIKAN SENI DAN BUDAYA JAWA




NGLESTANTUNAKEN SENI LAN KABUDAYAN JAWI


Assalamualaikum Wr. Wb.

            Rumentahing puja hastawa saking ngarsaning Gusti ingkang Maha Agung mugia tansah kajiwa kasarira dhumateng para rawuh ingkang sinuba ing pakurmatan.
Nuwun.......
Dhumateng  panitya aben wasis sesorah basa jawi ingkang satuhu dhahat kinabekten,
Katur pangarsanipun juru pambiji ingkang kinurmatan,
Mboten kesupen dhumateng para rawuh ingkang satuhu bagya mulya.
            Wonten ing klodhangan menika, kepareng kula badhe ngaturaken sesorah babagan nglestantunaken seni lan budaya  jawi.
            Ananging  saderengipun  sumangga langkung rumiyin kula lan panjenengan tansah ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, awit saking kamirahaipun kula lan panjenengan taksih pinaringan kabegjan, kawilujengan saha kalodhangan  satemah kita saged makempal wonten ing adicara menika.           .
            Para rawuh ingkang satuhu bagya mulya.
            Wonten ing jaman globalisasi samenika, seni lan kabudayan saya campur-bawur mboten cetha asal-usulipun.  Langkung-langkung seni lan kabudayan jawi, mboten namung kagerus dening budaya manca suku kemawon, ananging ugi dening budaya manca nagari. Kathah seni budaya manca ingkang ngawonaken kabudayan kita. Ngantos kedadosan kathah lare mijil saking kulawarga lan tanah jawi ananging mboten saged matur mawi basa jawi lan mboten mangertos seni lan budayanipun piyambak. Menawi ingkang kados makaten kula lan panjenengan mboten enggal gumrigah njagi nguri-uri, mboten mokal saya dangu kabudayan jawi saya sirna.
            Pramila sumangga kula lan panjenengan sareng-sareng nglestantunaken seni lan budaya jawi, sampun ngantos lena lan kesengsem kaliyan budaya manca ingkang nggegimiri. Mangretasa bilih bangsa-bangsa ingkang majeng kadosta Cina, Korea, Jepang lan sanes-sanesipun tansah kiyat sanget anggenipun njagi amrih lestantunipun seni lan budayanipun.
            Langkung-langkung seni lan budaya jawi ingkang sampun kawentar kaluhunganipun wiwit kina-makina,  mboten namung wonten tlatah Nuswantara kemawon, ananging ugi ngantos saubenging  jagad donya.
            Kathah Piyantun, Piagung saking manca nagari ingkang sami rawuh wonten mriki amargi gandrung kaliyan seni budaya jawi, banjur sami sinau lan ngawontenaken paneliten budaya jawi kadosta seni karawitan, tari lan padhalangan. Ngantos kathah piyantun manca ingkang dados pakar basa, seni, lan budaya jawi.
            Kedadosan ingkang makaten menika,  punapa inggih kula lan panjenengan minangka tiyang ingkang wiyos lan gesang mapan wonten tlatah tanah jawi mboten lingsem ? ....................... mesthinipun inggih lingsem.
            Pramila sumangga sepisan malih kula ngajak dhumateng kula lan panjenengan sedaya sareng-sareng nguri-uri amrih saya ngrembaka saha lestantunipun seni lan budaya jawi, sampun ngantos seni lan kabudayan kula lan panjenengan dipunklaim dening nagari manca, menapa malih seni lan kabudayan jawi menika didhaku dening nagari manca. Mula menika sareng-sareng dipunjagi, dipunngrembakaaken, lan dipun lestantunaken.
            Ing salajengipun sedaya ingkang sampun katur wonten ing nginggil mugia saged dipunmidhangetaken, dipunpirsani, dipunraosaken, lan dipuntindakan, ing kulawarga penjenengan saha kula puyambak, sumrambah ing pawiyatan, ing bebrayan, utaminipun dening masyarakat saha generasi mudha ing Nuswantara. Supados ing mangkenipun, lajeng tuwuh greget saut tandang grayang ingkang tundhonipun andadosaken seni lan kabudayan  jawi punika amrih tansah ngrembaka lan lestantun.
            Kados namung makaten  ingkang saged kula aturaken, menawi wonten kelepatanipun kula nyuwun agunging samudra pangaksami. Awit saking kawigatosanipun kula aturaken agunging panuwun.

Wassalamualaikum Wr. Wb.


No comments:

Post a Comment